Jumat, 17 Desember 2010

Afiksasi

TUGAS
M.K MORFOLOGI BAHASA JAWA
AFEKSASI
Dosen Pengampu : Dra. Sri Mulyati M.hum













Oleh :
M Rendrawan S N
C0109024





SASTRA DAERAH
FAKULTAS SASTRA DAN SENI RUPA
UNIVERSITAS SEBELAS MARET SURAKARTA
2010


AFIKSASI
Daftar afiks ing basa Jawa :
Prefiks
Infiks
Sufiks
Konfiks
Ng/ nasal
-in-
-an
Pa – an
di-
-um-
-i
Ka - an
Kuma-
-er-
-ana
Pra - an
Kami-
-el-
-ake
Pi - an
Kapi-

-el

Ka-



Ke-




1.      Prefiks
a.       Kang kalebu  ater-ater anuswara ( nasal ) yaiku m-, n-, ng-, lan ny- . Ater-ater kasebut bisa uga dikandhaake alomorf  A-.
v     Tembung lingga kang purwane aksara p, w, t, th, c, k lan s yen diwuwuhi ater-ater A-, aksara p, w, t, th, c, k lan s ing kawitaning tembung iku bakal luluh.
Tuladha :
m-        + pancal          = mancal
m-        + wungkus      = wungkus

n-         + dalan           = ndalan
n-         + thuthuk         = nuthuk

ng-       + arit               = ngarit
ng-       + gawa            =ngawa
ny-       + sambel         = nyambel




v     Ing basa rinengga ( ragam susastra), ater-ater A- kala mangsane dadi am- (ham-), ang- (hang-), lan any- ( hany- ).
Nhupak            =         andhupak (handhupak)
Nyapu              =         anyapu (hanyapu)
Mbalang          =         ambalang (hambalang)
Nglumpuk        =         anglumpuk (hanglumpuk)

v     Yen sumambung karo tembung lingga kang sawanda, wujude ater-ater ng- malih dadi nge-.
Tuladha :
Ng- + las         = ngelas
Ng- + bom       = ngebom
Ng- + tik          = ngetik
Ng- + pel         = ngepel
Ng- + cet         = ngecet
Ng- + dol         = ngedol
v     Ater-ater anuswara duwe kabisanngowahi jinising tembung dadi tembung kriya utawa tembung kaanan/watak (sifat) kaya kang katon ing tuladha ngisor iki.

m- + pecut       = mecut
n- + tajin         = tajin
ng- + garong   = nggarong
ny- + sapu       = nyapu

b.      Ater-ater di- ( dipun- )
Ater-ater di- bias ndhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap (verba pasif) utawa kata kerja pasif. Yen ing basa karma, ater-ater iki malih dadi dipun-. Sanadyan malih dipun-, panulise imbuhan iku tetep kasambung.

di- + balang          = dibalang
di- + wulang         = diwulang

dipun- + waos       = dipunwaos
dipun- + asta         = dipunasta

ater-ater di- ngemu teges ‘nindakaake pakaryan karana diniyati utawa disengja’. Kang nindaake pakaryan iku racake wong liya, dudu awake dhewe. Srehne ater-ater iki bias ndhapuk sawijine tembung dadi tembung kriya tanggap, mesti bae jejer (subjek) dadi sasarane sawijining tumindak. Tumindak mau kanthi disengaja kapatrapake marang jejer.
Tuladha :
a.       Mas Dodhy didukani bapak
b.      Mas Tino dipundukani bapak

c.       Ater-ater kuma-, kami-, lan kapi- .
Ater-ater kuma-, kami-, lan kapi-  sinebut bawa kuma- jalaran tembung lingga kang rineketan ater-ater iki mesthi dadi tembung watak utawa tembung kaanan (adjektiva). Tembung lingga diater-ateri bawa kuma-  ora ngalami owah-owahan lan gunggunge tembung kang bias rinaketan ater-ater iki ya winates banget. Ater-ater iki ora kerep kasrambah (kurang produktif). Tuladhane :

Kuma- + lancing   = kumalancang (kumlancang)
Kami- + seseg(en) = kamiseseg(en)
Kapi- + dereng     = kapidereng

Ater-ater kapi-  duwe teges ‘banget’. Kang perlu antuk kawigaten mirunggan yaiku bab dak- lan kok- (ko-). Ing buku-buku paramasastra basa Jawa dak-, kok,  lan di- tansah kaanggep ater-ater, yaiku ater-ater tripurusa. Kamangka, kang kalebuater-ater iku satemene mung di-, dene dak-  lan  ko-(kok-) ora kalebu ater-ater, nanging kalebu klithik (proklithik).  Ater-ater lan klitik iku kalebu wujud terikat kang katulis gandheng iku kalebu ater-ater.

d.      Ater-ater ka-
Ater-ater ka-  uga sinebut bawa ka. Ater-ater  ka- bias andhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya tanggap utawa kata kerja pasif  (verba pasif). Ing bahasa Indonesia, ater-ater ka-  iki padha karo awalan di-.

Ka- + jupuk           = kajupuk
Ka- + tulis             = katulis

Ater-ater ka- kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges ‘nindaake pakaryan karana diniyati utawa karena sinengaja’. Ater-ater iki tegese padha karo ater-ater di-.

Kautus ‘diutus’
Katampa ‘ditampa’

Ater-ater ka-  kerep kaenggo ing basa baku (pakem), embuh ing basa ngoko baku utawa ing basa karma baku.

e.       Ater-ater ke-
Ater-ater ke- bisa andhaupuk sawijining tembung dadi tembung kriya, yaiku kriya tanggap (verba pasif) utwa  kata kerja pasif.  Yen ing bahasa Indonesia, ater-ater ke-  padha karo – (prefix ter-).

Ke- + jepit = kejepit
Ke- + antem          =     keantem   =   kantem

Ater-ater ke- lan ater-ater ka- tegese ora padha sebab ater-ater ke-  kang sumambung ing tembung lingga ngemu teges ‘nindaake pakaryan tanpa jinarag utawa tanpa kasengaja’, den eater-ater ka-  kang sumambng ing tembung lingga ngemu teges ‘nindaake pakaryan karana diniyati’

Kesikut ‘ora njarag nyikut’
Kasikut ‘disikut’

2.      Infiks
Yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung. Seselan ing basa Jawa cacahe mung ana papat yaiku –um-, -in-, -er- lan -el-.
a.       Seselan –um-
-um- + guyu ---> gumuyu
-um + seleh ---> sumeleh
-um- + andheg ---> mandheg (saking umandheg)
-um- + putung ---> mutung
-um- + pinter ---> kuminter
-um- + bagus ---> gumagus

b.      Seselan –in-
Seselan -in- mapan ing antawisipun aksara kapisan lan kaping kalih. Dene menawi tembung lingga apurwa a, i, u, e, utawi o, seselan -in- mapan wonten ing sangajenging tembung lan ewah dados ing.
Tuladha:
-in- + puji ---> pinuji
-in- + tulis ---> tinulis
-in- + aran ---> ingaran
-in- + adhep ---> ingadhep

c.        Tembung mawi seselan -el-
Ing basa pakecapan seselan -el- limrahipun dados l kemawon.
-el- + kencar ---> kelencar (klencar)
-el- + gebyar ---> gelebyar (glebyar)

d.      Tembung mawi seselan -er-
Ing basa pakecapan seselan -er- limrahipun ugi dados r kemawon.
-er- + gandhul ---> gerandhul (grandhul)
-er- + tembel ---> terembel (trembel)

3.      Sufiks
a)  Tembung mawi panambang -a
turu + -a ---> turua
udan + -a ---> udana
bali + -a ---> balia

b)  Tembung mawi panambang -an
pasar + -an ---> pasaran
lungguh + -an ---> lungguhan
lima + -an ---> liman
sasi + -an ---> sasen
tuku + -an ---> tukon

c)  Tembung mawi panambang -ana
siram + -ana ---> siramana
usap + -ana ---> usapana
lenga + -ana ---> lenganana
isi + -ana ---> isenana
sangu + -ana ---> sangonana
ombe + -ana ---> ombenana
kilo + -ana ---> kilonana

d)  Tembung mawi panambang -na
undur + -na ---> undurna
jaluk + -na ---> jalukna
sapu + -na ---> sapokna
rene + -na ---> renekna
bali + -na ---> balekna
sabun + -na ---> sabunna

e)  Tembung mawi panambang -en
rajang + -en ---> rajangen
wudun + -en ---> wudunen
gawa + -en ---> gawanen
jaga + -en ---> jaganen
panu + -en ---> panunen

f)  Tembung mawi panambang -ake (-ke)
panas + -ake ---> panasake
papan + -ake ---> papakake (papanake)
padha + -ake ---> padhakake
turu + -ake ---> turokake
tangi + -ake ---> tangekake
rene + -ake ---> renekake
kendho + -ake ---> kendhokake

g)  Tembung mawi panambang -i
bayar + i ---> bayari
kandha + i ---> kandhani

h)  Tembung mawi panambang -e (-ipun)
sungut + -e ---> sungute
bojo + -e ---> bojone
i)  Tembung mawi panambang -ku
omah + -ku ---> omahku
pipi + -ku ---> pipiku

j)  Tembung mawi panambang -mu
dhuwit + -mu ---> dhuwitmu
adhi + -mu ---> adhimu
Panambang -mu ing basa krama dipun-kramakaken sampeyan, panjenengan, lsp.

4.      Konfiks
a.       Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -an
  pa- + dunung + -an ---> padunungan
  pa- + pring + -an ---> papringan
  pa- + titip + -an ---> panitipan

b.      Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -ana
pi- + takon + -an ---> pitakonan
pi- + tulung - an ---> pitulungan

c.       Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -an
ka- + becik + -an ---> kabecikan
ka- + sekti + -an ---> kasekten
d.      Tembung mawi ater-ater Pra- lampenambang –an
Pra- + anak+ -an -à Pranakan
e.       Tembung mawi ater-ater Pi – lan panambang –an
Pi- + Tulung + -an à Pitulungan
Pi- + Sowan + -an à Pisowanan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Powered By Blogger